Banjarsari Kidul, Sokaraja, Banyumas

Banjarsari Kidul
Desa
Negara Indonesia
ProvinsiJawa Tengah
KabupatenBanyumas
KecamatanSokaraja
Kode pos
53181
Kode Kemendagri33.02.19.2007 Edit nilai pada Wikidata
Luas1,2 km2
Jumlah penduduk1400 jiwa

Banjarsari Kidul Sebuah desa kecil dengan beraneka ragam kehidupan. desa di kecamatan Sokaraja, Banyumas, Jawa Tengah, Indonesia.

Pranala luar

  • (Indonesia) Keputusan Menteri Dalam Negeri Nomor 050-145 Tahun 2022 tentang Pemberian dan Pemutakhiran Kode, Data Wilayah Administrasi Pemerintahan, dan Pulau tahun 2021
  • (Indonesia) Peraturan Menteri Dalam Negeri Nomor 72 Tahun 2019 tentang Perubahan atas Peraturan Menteri Dalam Negeri Nomor 137 Tahun 2017 tentang Kode dan Data Wilayah Administrasi Pemerintahan
  • (Indonesia) Peraturan Menteri Dalam Negeri Nomor 137 Tahun 2017 tentang Kode dan Data Wilayah Administrasi Pemerintahan

SETHITHIK SEJARAHE LELUHURKU ING JAMAN BIYEN (RADEN NGABEHI SOERANGGAYOEDHA) BABAT TANAH BANJARSARI KIDUL

Raden Ngabehi SOERANGGAYOEDHA, salah sijine pimpinan prajurit tamtama ing kraton Mataram. Nalika jamane hingkang Sinuhun Kanjeng Sunan Amangkurat Tegalarum rumangsa kurang cocog suwito marang panjenengane Kanjeng Sunan, jalaran kajaba panjenangane kejem banget nyirnakake para nayaka, keluarga lan para panditha, kang minurut nyatane tanpa dosa, uga amarga Kanjeng Sunan gandeng rapet karo Kumpeni Londo (penjajah). Mulo anuju sawijining bengi Raden Ngabehi Soeranggayoedha lolos saka Mataram, didherekake dening garwane lan putrane loro kang durung diwasa, ya iku kang aran DARSIH (wadon) lan KEMRUNGGI (lanang). Tindake ngulon parane; wusanane tekan salah sawijining desa kang aran desa Bener (saiki salore karangayar). Panjenengane manggon nang desa Bener ora pati lawas, banjur lunga maneh ngalor ngulon parane, diderekake Nyai lan putrane lanang. Putrane wadon banjur ora kecrita, apa ditinggal jalaran wis omah-omah ana ing desa Bener, apa seda ora diterangake. Wusana, bareng wes adoh parane banjur leren, lan bukak alas digawe Banjar pekarangan. Suwe-suwe krasan manggon ing dukuh bukakan anyar mau jalaran tanahe subur lan ngungkang ing kali. Mula banjur tetep manggon ing dukuh anyar mau, lan dukuh mau diarani dukuh BANJARSARI. Raden Ngabehi Soeranggayoedha banjur ganti jeneng aran KI SURAGATI, lan tetep manggon ing dukuh Banjarsari nganti sesedane. Sawise seda swargi uga disarehake ana ing desa Banjarsari. Pesarehane diarani “SETANAHDAWA” (makam Panjang). Nganti seprene keturunane isih ana sing manggon ing desa Banjarsari. (bodydalu keturunan ke 11 Raden Ngabehi Soeronggoyoedha)


Ikon rintisan

Artikel bertopik kelurahan atau desa di Indonesia ini adalah sebuah rintisan. Anda dapat membantu Wikipedia dengan mengembangkannya.

  • l
  • b
  • s